A
1. Adhang-adhang tetese embun
- Njagakake barang mung sak oleh-olehe
2. Adigang, adigung, adiguna
- Ngendelake kakuwatane, kaluhurane lan kapinterane
3. Aji godhong garing
- Wis ora ana ajine/ asor banget
4. Ana catur mungkur
- Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
5. Ana daulate ora ana begjane ~ ( untup-untup )
- Arep nemu kabegjan ning ora sido
6. Ana gula ana semut
- Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
B
1. Baladewa ilang gapite ~ ( jepit wayang )
- Ilang kakuwatane/kaluhurane
2. Bathok bolu isi madu ~ ( bolong telu )
- Wong asor nanging sugih kapinteran
3. Blaba wuda ~ ( loman )
- Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman
4. Bebek mungsuh mliwis
- Wong pinter mungsuh padha wong pinter
5. Becik ketitik ala ketara
- Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine
6. Belo melu seton ~ ( malam minggu )
- Manut grubyuk ora ngerti karepe
C
1. Carang canthel ~ ( pang pring )
- Ora diajak guneman naging melu-melu ngrembug
2. Car-cor kaya kurang janganan
- Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
3. Cebol nggayuh lintang
- Kekarepan kang mokal bakal kelakon
4. Cecak nguntal cagak
- Gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
5. Cedhak kebo gupak
- Cedhak karo wong ala bakal katut ala
6. Ciri wanci lelai ginawa mati
- Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
D
1. Dahwen ati open ~ ( seneng nyacad )
- Nacad nanging mbenerake wong liya
2. Desa mawa cara, negara mawa tata
- Saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe
3. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
- Tansah diparingi slamet ara ana kang ngrusuhi
4. Digarokake dilukoke
- Dikongkon nyambut gawe abot
5. Diwenehi ati ngrogoh rempela
- Wis diwenehi sethithik, malah njaluk kang akeh
6. Dom sumuruping banyu
- Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
HANYA INI, SEMOGA BERMANFAAT BAGI SEMUANYA
Sumber : BUKU PINTER BASA JAWA
Penulis Buku : G. SETYO NUGROHO
M. ABI TOFANI
Penerbit : KARTIKA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar